[ Folklor Jawa ] Jaka Sakti

Tugas Bahasa Jawa
Membuat Folklor. Jangan menulis folklor yang sudah ada. Harus dibuat berdasarkan imajinasi sendiri ~

Inspirasi cerita :
Tradisi untuk memberi sesajen ketika hendak melewati jembatan yang saat ini masih sering ada di masyarakat Jawa.





Jaka Sakti
©helenajn.blogspot.com



Rikala jaman biyen ana sawijining priya kang sekti mandraguna. Amarga kasektenane kuwi priya mau nduwe aran “Jaka Sakti”. Jaka Sakti nduweni murid akeh, nanging dhewekke sombong amarga rumangsa dadi manungso sing paling kuwat ana ing ndonya.


Ing sawijining dina, Jaka sakti krungu kabar menawa ana papan panggonan kang apik lan papan kuwi bakal bisa menehi kerahayunan tumrap sapa wae kang teka ana ing papan mau. Ananging, papan kui adoh lan dalan sing kudu dilewati bakal nemu akeh bebaya. Amarga Jaka sakti nduwe kepinginan nduweni papan panggonan kuwi, dhewekke banjur nglumpukake murid-muride supaya ngumbara ing papan kasebut.


Sawise kuwi, Jaka sakti lan para muride banjur miwiti perjalanane. Sajroning pengembaraane, kabeh bebaya ora dadi pepalang. Ing sawijining wengi, Jaka sakti lan para muride ketemu karo tiyang sepuh. Tiyang sepuh mau ngelingake Jaka sakti menawa dhewekke arep nglewati jembatan, kudu ngurmati sosok kang mbaureksa kanthi menehi sesajen.

“Aku iki wong kang sekti mandraguna! Kena ngapa aku kudu nglakoni perkara sepele lan ora penting kaya ngono!” Tuture Jaka Sakti. Tanpa ngrungokake pitutur saka tiyang sepuh kuwi, Jaka sakti lan para muride tetep nglanjutake perjalanane.


Saktekane ana ing kali, ana boyo sing katon nggegirisi saengga rombongane Jaka sakti ora isa nglewati kali mau nganggo prau ulik. Ananging, ing kono ana jembatan. Jembatan mau wis tuwa lan rusak. Gelem ora gelem, rombongan mau kudu nggunakake jembatan kuwi supaya bisa nyebrang ing papan panggonan kang dituju.

“Guru, saenipun kita cawis sesajen rumiyin sakderengipun ngliwati jembatan menika kados pituturipun tiyang sepuh kalawau.” Pituture salah sawijining muride marang Jaka sakti.

“Kanggo apa aku nglakoni kuwi? Aku iki wong kang paling sekti mandraguna! Awakedhewe wis teka kene amarga kekuwatanku! Apa kowe ora percaya marang kasektenanku iki?” wangsulane Jaka sakti. Ananging para muride tetep ora gelem ngliwati jembatan kuwi!.

"Yo wis! Aku tak lewat dhisikdhewe!”

Sakbanjure Jaka sakti ninggalake para muride lan munggah ing jembatan kuwi.

“Tontonen! Jembatan iki aman! Ayo murid-muridku! Liwato nganti teka sebrang kono!"

Para muride Jaka sakti banjur munggah ing jembatan. Ananging, ana sawijining murid sing isih wedi lan ora gelem munggah jembatan kasebut. Dumadakan, ketok sosok tiyang sepuh sing ditemuni sakdurunge ing tengah jembatan. Raine katon murka.

“Hei Manungsa! Kena ngapa kowe ora nglaksanakake pituturku!” murid-muride Jaka sakti gemeter keweden.

“Ngapa aku kudu nglakoni pituturmu? Aku ora wedi karo ancemanmu!” tuture Jaka sakti.

“Kasektenanmu ora nduweni arti nek kowe sombong!” wangsulipun tiyang sepuh kasebut sakdurunge banjur ngilang.


Dumadakan jembatan sing ditapaki ambrol. Jaka sakti lan para muride sing ana ing jembatan kuwi kecebur ana ing kali. Jaka sakti ora sempet migunakake kasektenane. Akhire Jaka sakti lan para muride ora bisa slamet saka boyo sing ana ing kali ngisore.

Muride sing slamet pada mlayu kaweden banjur nyebarake kabar menawa Jaka sakti mati cilaka sajroning pengumbaraane. Sakliyane kuwi, uga nyebarake tradisi cecawis sesaji ing jembatan kanthi maksud lan tujuwan supayane sajroning nglewati jembatan ora bakal diganggiu karo sosok kang mbaureksa. Teka seprene, tradisi iku iseh akeh dilakoni.


RAMPUNG

Comments

Most viewed

[ Teks Eksposisi Basa Jawa ] REOG

My Top 5 TV Series

[Review Artikel Universitas Sebelas Maret]

[ Teks Eksposisi Basa Jawa ] Midodareni

[ Review ] X-Men : Dark Phoenix (2019)